Monday, October 4, 2010

Penggalangan Dana

Cak Sur nampani sms teko Pi'i. Jare Pi'i loro, gak iso tangi. Pendik prihatin "Franky Sahilatua sing arek $uroboyo iku loro digawekno konser, Ariel sing pethakilan yo digawekno konser, mosok Pi'i diumbar". "Penggalangan dana cek iso tuku obat" jare Cak Sur. Sabtu bengi arek kampung kumpul kabeh kate nontok konser digawe Pi'i , konsere ndok pos sebelahe omahe Pi'i. Sing nyanyi Ning Ya, diringi Cak Sur sing nggowo tutup panci. Brang... Breng... Pi'i metu. "opo wae se rek!? Gak ngesakno wong loro!" jare Pi'i mbengok. "Iki konser gawe sampeyan Cak,. Penggalangan dana.."jare Ning Ya. Pi'i kaget. "lha laopo? Aku sek duwe duwek digawe pijet, aku iki gak iso tangi mergo boyokku kemeng, konser opo ce?" Pendik seng dadi MC macakno acara, "Dhangdute Ning Ya, tandhak bedhes, ambek nanggap wong dodolan Puthu." Boyoke Pi'i tambah cekot-cekot... Wsslm..

No comments:

Post a Comment